Lirik Lagu Dangdut - Bojo Galak - Nella Kharisma



BOJO GALAK

Wis nasibe kudu koyo ngene
Nduwe bojo kok ra tau ngepenake
Seneng muring, omongane sengak
Kudu tak trimo, bojoku pancen galak

Saben dino rasane ora karuan
Ngerasake bojoku sing ra tau perhatian
Nanging piye maneh atiku wes kadung tresno
Senajan batinku ngampet ono njero dada

Yo wes ben nduwe bojo senga galak
Yo wes ben sing omongane sengak
Seneng nggawe aku susah
Nanging aku wegah pisah

Tak tompo nggango tuluse ing ati
Tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodohne
Senajan kahanane koyo ngene

Sungguh keterlaluan bojoku sing saiki
Kliru sitik wae aku mesti diseneni
Ameh dolan ro konco kok ora diolehke
Senengane nuduh dikiro lungo ro liyane

Yen wes ngono aku mung bisa menenh
Tak jelasno malah mung nggawe kowe sepaneng
Di matamu aku iki ora tau bener
Kabeh mbok salahno, rumangsa wes paling pinter

Yo wes ben nduwe bojo seng galak, yo wes ben sing omongane sengak
Seneng nggawe aku susah, nanging aku wegah pisah
Tak tompo nganggo tulus ing ati, tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodohne, senajan kahanane koyo ngene

Ibarate dele sing uwes dadi tempe
Kudu tak lakoni yen pancen ngene dalane
Abote nduwe bojo sing galak
Lek ra keturutan senengane mencak-mencak

Ra usah digetuni aku kudu kuat ati
Nganti tekan mati sliramu tetep nang ati
Distel kendo wae, tak nikmati uripe
Sanajane galak bojoku pancen sing bagus dhew

Kuat dilakono, lek ra kuat ditinggal ngopi
Tetep cinta senajan bojoku galak

Yo wes ben nduwe bojo seng galak, yo wes ben sing omongane sengak
Seneng nggawe aku susah, nanging aku wegah pisah
Tak tompo nganggo tulus ing ati, tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodohne, senajan kahanne koyo ngene

Yo wes ben nduwe bojo sing galak, yo wes ben sing omongane sengak
Seneng nggawe aku susah, nanging aku wegah pisah
Tak tompo nganggo tulus ing ati, tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodohne, senajan kahanane koyo ngene
0 Komentar untuk "Lirik Lagu Dangdut - Bojo Galak - Nella Kharisma"

Back To Top